Aku Deni Sasongko 24 Tahun,Cah Lulusan S1 ing sakwijining kuliahan swasta neng kutho ngayogyakarta.
Yo,aku urung nduwe gawean lur,coba golek gawean mrono mrene yo akeh sik ra nampa aku,mbuh ngopo lur,yo sanajan hurung etuk gawean nanging aku ra nyerah lur,tetep aku nyoba nglamar rono rene lur.
lan saiki aku bersyukur enek cewek sek selalu setia ngancani aku kawit aku mlebu kuliahan lur ngampe saiki aku golek kerjoan rono rene,lan deke tetep setia karo aku lur.
Jenenge Shinta Ristiana deke ijeh kuliah lur umure 3 tahun luwih enom soko aku lur naming kelakuane luwih dewasa deken ketimbang aku lur.Akeh padudon ,akeh lelakon sek wes diarungi selama 4 Tahun aku pacaran karo deken lur,akeh-akehe sih aku sek gawe padu lur hehe,mergane aku seh seneng rono rene karo kancaku,kadang mblenjani janji ketemuan karo deken dengan berbagai alasan,tapi tenan lur aku ora selingkuh yo mug aku kadang seneng dolan ketimbang pacaran lur,
Biasa jiwa muda lur.
Ing Sawijining sore aku kangen banget lur karo Shinta,pengen nyambangi deken,naming deken urung nduwe wektu mergane isih persiapke KKN e deken lur,jarene sih rep neng jakarta lur KKN e ,aku sih ijeh santai wae lur soale akdewe isih podo podo percaya siji lan sijine.
bayangno lur 4 Tahun pacaran lan ora nduwe masalah tentang wong wedok opo wong lanang lio lur,lan soko kui aku karo deken saling percaya lur.
from : Dek Shinta
mas Deni,selo ora?,sue lo ora dolan mrene,moro to ndek omah
to : Dek Shinta
Lagi selo po nduk?,KKN e pie?wes rampung?
From :Dek Shinta
Hehe yo jelas hurung mas,dino Kemis mas,adek arep mangkat Jakarta,makane adik pengen ketemu mas.
to :Dek Shinta
walah ,kangen to sayangku jebule,iyo iyo mas mrono mengko jam 4 sore ya nduk,kok mas lagi dikabari saiki nak mangkate Kemis sesuk?
From : Dek Shinta
Ceritane dowo mas Deni,makane aku crito raiso seko SMS
to : Dek Shinta
iyo dek yawes mas tak ngopo ngopo sek mengko rampungan langsung neg omah yo
Sore kui aku oleh SMS soko Dek Shinta lur,aku dikon moro nyang omahe,wkwk atiku bungah ra karuan lur,wes kiro kiro 2 sasi ora ketemu lur.
Langsung aku adus lan aku cepet cepet nemoni dek Shinta sayang.
"dek,ko neng jobo dewe",kandaku
"eh lo ko cepet wkwk,lagi jam 2 mas,jarene jam 4?",kandane Dek Shinta
"hehe,la wes ora ono gawean nduk ndek omah,hehe golek gawean online yo hurung ketemu ketemu nduk,tapi mau aku wes nyoba nglamar neng jakarta nduk ,tapi mbuh soale lowongan sue yo mbok menowo ketrimo dongane ya nduk",kandaku
"hehe iyo mas,penting sabar alon alon mas,jenenge golek gaean mas raono sing gampang",jarene karo ngguyu(marai kangen lesung pipite lur)
"oio dek,pie persiapane KKN e,ko cepet men mangkate,mas lagi dikabari",kandaku ambek penasaran
"Iyo mas,aku terlalu sibuk mas wingi sepurane nembe ngabari ,awale jare koncoku rep nang jogja mas,wes dipersiapke malah bedo meneh dan dadakan persiapan Kamis aku mangkat mas",kandane alon alon njelasne aku
"hmm,iyo rapopo nduk,mas mudeng kok,wong yo wes tau nglakoni",aku ngeyem yemi deken
"mas,mbesuk aku neng jakarta rodo sue,mas pie?",kandane soyo lirih
"iyo dek, atiku Memang rodo kepie,nanging mas luwih rela koe lungo ngraih cita cita kanggo awakedewe kedepane,semono ugo mas ,yo bakal lungo sedelok kanggo masa depan",kandaku karo dek Shinta.
"matursuwun mas,pengertiane mas,kanggo aku,lan cita citaku",kandane karo mesem (metu meneh lesung pipit manise)
"oiyo dek kawet mau ko ra kepanggih Bapak lan Ibu,sue ra kepanggih",jareku
"Bapak Dinas luar kota mas,Ibu lagi neng nggone simbah,simbah gerah",jarene
"oiyo wes,dilit ngkas sore ki dek,wes sue mas nengkene ,ra penak karo tonggo teparo dek,yowes sayang mas yo arepe online meneh,dinggo golek gawean meneh dek",jareku
"o iyo mas,mugo mugo ndang angsal gawean yo mas(karo saliman mbek aku ngetokne meneh lesung pipite)",jarene deken
yo aku andang andang mulih,aku njogo Dek Shinta soko omongan tonggo sek ra penak,njogo dek Shinta sak cita citane,lan aku tresno deken karo percaya deken menjaga roso iki.
Pengen rasane ngekep awake ngambu wangine awake nggo tombo kangen nanging kudu tak batesi sakurunge dek Shinta dadi bojoku.
Saiki dek Shinta mangkat neng jakarta,ya tak terke tekan stasiun ngampe kretone mangkat,nggregel lur,ning aku kudu kuat tak lilakne adoh adohan,kanggo tresna la masa depane wong loro lan kaluwargo impianku karo deken.
Sesasi,rong sasi,telung sasi dek Shinta olehe KKN neng jakarta,ngabari terus olehe ngopo ngopo lur,naming aku heran lur pas arepe mulih malah ora ngabari lur,blas ora telfon utowo sms kanggo methuk deken.Ora ono roso curiga lur,aku ijeh percoyo karo dek Shinta pikirku dek Shinta sibuk utowo enek kedadean sek diceritakke kudu ketemu.
Lan aku arepe ngeweki kabar bahagia nek aku wes ketompo CPNS enek ing jakarta,prosese sue lur tapi aku repe ngajak Dek Shinta,susah bareng lan dek Shinta golek gawean neng Jakarta lur.
Aku andang andang moro ndek omahe mbok menowo dek Shnta wes mulih tapi hurung ngabari,ora opo opo semisal hurung mulih,arepe silaturahmi karo Bapak Ibu ne Dek Shinta.
Aku nyelehke motor lan ndodoki pintu omahe kangen karo lesung pipite,kangen eseme,Kaget lur kok onok janur kuning garing sek ijeh ketempel ndek ngarep gapuro omahe lan ndek omahe.
tak dodoki lawange lan dek shinta metu,kaget weruh aku lan nangis.
"mas Deni,ko,,,ngerti nak aku wes nengomah?",jarene
"iki opo dek ko janur kuning garing neng kene?",pitakonanku
"nduk mas mangkat Tugas saiki yo,,hlo enek tamu ko ra dikon mlebu,,oiyo mas mangkat sek,3 dino mas ngko bali ya,ojo nakal sayang",jare wong lanang sek raweruh parane metu nengarepku ngambung bathuke dek Shinta
koyo disamber bledeg awakku lur,pengen melu nangis,tapi aku jeh bingung kedadean opo iki ,kepie dadine aku bingung lan seketika iku mumet kepalaku lur.
Dek Shinta cerito nak saktenane 2 taun kepungkur ,Dek Shinta ndue uwong sek luwih temoto ekonomine ketimbang aku sek pas kae ijeh pengangguran,lan uwong kui saiki dadi bojone,lan dadine nganten nembe wae.
Angel nompo lur ambyar ati iki ,mutioro sek tak jogo seketika dijupuk uwong lio lur,Lan aku ijeh bingung kedadean iki,isoh isoh e,tega tegane,ra nyono,dekne sek luwih dewasa,luwih pinter nglarani,luwih pinter gawe sakabehe endah.
Kanggo aku dewe saiki kudu lanjutke uripku lur............sedih ati iki ora iso digambarke lur.
pie le nambani lanjut bare iki ya lurr,,,,,,ijeh akeh sek rep tak ceritakno kanggo koe kabeh lurr.
Dek Shinta sampek saiki aku ijeh tresno,lan aku loro ati,mergo kedadean iki.
Comments
Post a Comment